Welas Asih
Samin: "Iyo."
Parjo: "Sampeyan diapusi... Joyo kuwi sugih."
"Samin": "Ngapusi iku dudu urusanku. Kuwi urusane dekne karo Gustine Joyo."
==================
Parjo: "Lho sendalmu endi kang? Kok cekeran?"
Samin: "Ilang."
Parjo: "Ora mbok golek'i ... sopo sing nyolong?"
Samin: "Ora, aku biyen lahir yo ora sandalan."
===================
Parjo: "Kang, sampeyan dirasani karo Joyo."
Samin: "Ben wae."
Parjo: "Sampeyan ora nesu"
Samin: "Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo. Joyone yo ra nesu."
=================
Parjo: "Kang, pitikmu dipangan asune Joyo."
Samin: "Wes ben."
Parjo: "Kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti?"
Samin: "Aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Joyo."
==================
Parjo: "Kang, wes mangan?"
Samin: "Durung."
Parjo: "Mreneo tak wenehi duit."
Samin: "Wegah. Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit."
=================
Parj : "Kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo."
Samin: "Ben wae. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan, malah omahku sing dipangan."
==================
Parjo: "Kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul..... ora jelas?"
"Samin: "Lha yo kuwi. Nek jelas, mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok."
===================
Parjo: "Kang, klambi sing simbok pepe dicolong uwong."
Samin: "Ben. Wong salahku dewe, aku mepe klambi tak pamer2ke ning njobo."
==================
Parjo: "Kang, kok mlaku? Sapi sing biasa sampeyan tumpaki endi?"
Samin : "Ilang."
Parjo : "Kok malah ngguya-ngguyu?"
Samin: "Lha untunge dicolong pas ora tak tumpaki. Nek pas tak tumpaki aku yo katut ilang no....."
==================
Parjo: "Kang, bayarane Joyo luweh gede timbang bayaranmu lho."
Samin : "Ben."
Parjo: "Kan ora adil."
Samin: "Adil ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to?"
==================
Parjo: "Kang, pelem-mu dicolong Joyo."
Samin: "Ben."
Parjo : "Kok ben?"
Samin:" Lha kowe kok iyik to? Biasane yen dicolong codot aku yo meneng wae...."
===================
Parjo: "Kang, jare wingi omahmu kelebon maling?"
Samin: "Iyo."
Parjo: "Lho, kok iyo? Berarti sampeyan ngerti?"
Samin : "Ngerti. Tapi aku mumpet mergo isin ra duwe barang sing iso dimaling...."
==================
"Anda hanya benar-benar mencintai apabila Anda tidak memiliki. Tidak menaruh iri hati, tidak serakah, tidak menghormati, tidak punya belas kasihan dan tidak punya rasa kasih sayang ... pada saat Anda memiliki pengertian terhadap kesulitan atau kemalangan pihak lain." - Jiddu Krisnamurti
0 comments:
Post a Comment